Minggu, 24 April 2011

BABAD KADHIRI




Naskah Babad Kadhiri karyane MNg Poerbawidjaja lan dirampungake dening MNg Mangoenwidjaja ing Wonogiri lan dibabar dening Boekhandel Tan Khoen Swie Kediri taun 1932 mujudake naskah kang ngandhut sujarah lan uga ngandhut crita kang asipat fiksi.
Taun 2008 kapungkur, naskah Babad Kadhiri dibabar maneh dening Boekhandel Tan Khoen Swie. Ing buku weton anyar iki perangan ngarep tinulis ing aksara Latin nganggo basa Indonesia, dene ing mburi sinartan naskah sing tinulis ing aksara Jawa.
Buku weton taun 2008 iki tetep tinulis minangka anggitane MNg Poerbawidjaja lan MNg Mangoenwidjaja. Ing buku iki diriwayatake, MNg Poerbawidjaja nampa prentah saka panguwasa pamarentah kolonial Walanda supaya nglacak sujarah hadege Kutha Kediri utawa Nagari Kadhiri.
Kanthi pambiyantune Ki Dermakandha, sawijining dhalang wayang klithik, lan panabuh gamelan sing jenenge Sondhong, MNg Poerbawidjaja kasil nyathet wawangunem antarane Ki Dermakandha lan Ki Buta Locaya (Kyai Daha) sing mrasuk ing ragane Sondhong.
Asil wawangunem antarane Ki Dermakandha lan Ki Buta Locaya sing mujudake titah alus kuwi mau sabanjure disampurnakake dening MNg Mangoenwidjaja lan dianggit dadi naskah Babad Kadhiri.
Yen njingglengi kawitan panganggite naskah Babad Kadhiri sing nggunakake sumber andharan saka sawijining titah alus sing jenenge Ki Buta Locaya, tumrap nalar jaman modheren pancen bakal nuwuhake pambiji yen naskah Babad Kadhiri iki kapetung naskah sing ora tinemu nalar.
Prof Dr Edi Sedyawati, guru besar Fakultas Sastra Universitas Indonesia, ing purwakaning buku Babad Kadhiri weton Boekhandel Tan Khoen Swie taun 2008 nelakake yen naskah sing dianggep minangka “sujarah” hadege Kutha Kadhiri iki pancen ngemot bab sing wor suh, kepara cengkah karo nalar.
Naskah iki bisa dianggep minangka karya sujarah sing kudu didunungake minangka karya fiksi. Nanging bisa uga didunungake minangka cathetan kedadeyan lan pangeling-eling jaman kawuri sing temen-temen kedadeyan.
Kanthi mangkono tumrap saperangan paramaos, naskah Babad Kadhiri bisa dianggep minangka crita fiksi, asil karangan. Ananging tumrap saperangan pamaos liyane bisa dianggep minangka kronik sujarah. Panganggep iki bisa wae tuwuh saka tembung “babad” ing irah-irahane naskah.
Nanging ing kolofon teks naskah iki nyebut minangka crita pedhalangan. Iki nuduhake yen apa sing dicritakake pancen mung wates rekan utawa karangan. Dene sumber critane uga bisa dianggep minangka wates rekan utawa karangan.
Ngemot crita kang wus kababar ing naskah sing luwih tuwa
Yen ditliti kanthi permati naskah Babad Kadhiri cetha yen asumber budaya lisan. Nanging ing isine naskah uga katon yen njupuk sumber saka naskah utawa teks liya.
Ana sesambungan antarane teks siji lan sijine ing Babad Kadhiri.
Ing antarane naskah utawa teks sing sinebut minangka sumber yakuwi Serat Aji Pamasa, Serat Jangka Jayabaya lan Babad Tanah Jawi. Uga ana liyane sing kasebut, yakuwi Serat Jayakusuma. Serat Sastramiruda uga sinebut ing Babad Kadhiri kanthi paraga sing duwe gelar Panji.
Ing pungkasan karyane, Mangoenwidjaja nelakake yen Babad Kadhiri lan buku sambungane, Kalam Wadi, minangka “cariyos pedhalangan”. Saengga ing kana kene bisa ora cocog kalawan naskah sing wus luwih dhisik dimangerteni bebrayan agung, yakuwi Pustaka Raja, Babad Tanah Jawi lan Babad Demak.
Maca Babad Kadhiri kudu tanpa sinartan karep kanggo ngudi bebener asal usule papan kadidene pangerten ing ilmu sujarah. Babad Kadhiri mung bisa ditegesi minangka perkara wewangunan budaya. Utawa bisa uga kanggo ndhudhah perkara ing wewengkon budaya.
Ing perangan liya ana panganggep yen Babad Kadhiri tetep bisa didunungake minangka tilasing sujarah sing ditinggalake dening bebrayan agung Jawa kanthi basa lan cara mikir sing mligi, kebak cangkriman lan kadhangkala cengkah kalawan nalar wong sing urip ing jaman modheren.
Kanthi mangkono, naskah Babad Kadhiri pancen karyane MNg Poerbawidjaja lan MNg Mangoenwidjaja, nanging intine crita sing dibabar wus ana lan lestari ing crita pedhalangan sing wus dudu barang aneh tumrap para “kawula”.
MNg Poerbawidjaja bisa ditegesi mung wates ngimpun lan nulis tilasing sujarah hadege Kadhiri sing wus direkam ing kalangan “kawula” ing wujud crita asal-usule sawijining desa (aetiologi), dhudhahan sawijining aran utawa jeneng (hermeneutika), legenda, mitos, crita rakyat lan crita babad sing sabanjure diracik dadi Serat Babad Kadhiri.
Paraga Buta Locaya sing sinebut minangka sing njaga lan ngreksa tlatah Kediri kanyata ora mung kasebut ing Babad Kadhiri. Jeneng Buta Locaya uga sinebut ing naskah kuna Kidung Purwajati sing ngemot jeneng-jenenge ratu jin panguwasa Pulo Jawa.
Kanthi mangkono ana dudutan yen jeneng Buta Locaya kuwi dudu karangane MNg Poerbawidjaja, amarga wus dikenal ing naskah sing luwih tuwa. Crita babagan Krajan Medhangkamulan sing dikuwasani dening Prabu Sindhula kang nurunake Dewata Cengkar uga ora mung kaemot ing Babad Kadhiri.
Lelakon uripe Sri Jentayu memper lelakon uripe Airlangga
Crita babagan Krajan Medhangkamulan sadurunge wus kaemot ing Serat Kandha, Babad Tanah Jawi, Babad Sangkala lan naskah-naskah kuna Cirebonan.
Mangkono uga babagan critane leluhuring para raja kang lair saka limang sedulur Prabu Among Tani, Sandhang Garba, Karung Kala, Petung Malaras lan Sri Sendayu mujudake jeneng-jeneng kuna sing cinathet ing tradhisi naskah raja-raja Jawa lan Sunda, kayadene kang bisa diprangguli ing naskah kuna Carita Parahyangan, Babad Tanah Jawi, Sejarah Dalem, Serat Kandha lan sapiturute.
Sing kapetung narik kawigaten ing Serat Babad Kadhiri yakuwi gegayutan Prabu Sri Jentayu sing duwe anak cacah lima. Yakuwi Rara Suciwanungsanya, Raden Lembu Amiluhur, Raden Lembu Amerdadu, Raden Lembu Pangarang lan Raden Lembu Amerjaya.
Rara Suciwaningsanya ngucap sumpah ora gelem urip bebrayan karo priya lan luwih seneng mertapa. Raden Lembu Amiluhur jumeneng nata ing Jenggala jejuluk Prabu Dewakusuma.Raden Lembu Amerdadu jumeneng nata ing Daha jejuluk Prabu Pujaningrat. Raden Lembu Pangarang jumeneng nata ing Ngurawan jejuluk Prabu Pujadewa lan Raden Lembu Amerjaya jumeneng nata ing Panaraga jejuluk Prabu Pujakusuma.
Perangan iki narik kawigaten jalaran Sri Jentayu kuwi jeneng enome Airlangga nalika mundur saka dhampar keprabon lan madeg pandhita. Anak wadon pambarepe Sri Jentayu sing jenenge Rara Suciwanungsanya, sing uga madeg pandhita lan ora urip bebrayan kalawan priya, padha karo anak wadon pambarepe Airlangga sing dadi Biksuni Kilisuci, yakuwi Sanggramawijaya Dharmaprasada Utunggadewi.
Dene anak nomer lorone Sri Jentayu sing jenenge Raden Lembu Amiluhur lan jumeneng nata ing Jenggala jejuluk Prabu Dewakusuma, memper karo anak nomer lorone Airlangga sing jumeneng nata ing Jenggala, yakuwi Sri Samarakarma Mapanji Garasakan.
Dene anak nomer telune Sri Jentayu sing jumeneng nata ing Daha jejuluk Prabu Pujaningrat, memper karo anak nomer telune Airlangga sing jumeneng nata ing Daha, yakuwi Sri Samarawijaya Dharmasuparnawahana Tguh Uttunggadewa. Anak nomer papate Sri Jentayu sing jumeneng nata ing Ngurawan jejuluk Prabu Pujadewa memper anak nomer papate Airlangga sing jumeneng nata ing Gelang-gelang, yakuwi Sri Maharaja Alanjung Ayes sing sabanjure dadi raja ing Jenggala.
Lan anak nomer limane Sri Jentayu sing jumeneng nata ing Panaraga jejuluk Prabu Pujakusuma, memper anak nomer limane Airlangga sing dadi raja ing Wengker, yakuwi Sri Jayawarsa Digjayasashtraprabhu. Mempere jeneng lan kedadeyan kang tinulis ing Babad Kadhiri ora mung wates mbeneri, ananging bisa dipindeng minangka perangane ”tilas sujarah” sing bisa dilacak saka adate kawula sing kerep nyampur antarane kedadeyan sujarah, legenda, dongeng asal-usule papan, mitos, gugon tuhon sing adhakan lelandhesan othak-athik gathuk.
Ana telung jinis Serat Jayabaya utawa Jangka Jayabaya
Ing andharan bab legenda Kediri sing dadi perangan kawitan ing Babad Kadhiri dicritakake menawa Buta Locaya mbabar andharan babagan dumadine tlatah Kediri.
Miturut Bota Locaya sing micara lumantar ragane Sondhong lan banjur wawangunem kalawan Ki Dermakandha sing memba-memba dadi MNg Poerbawidjaja, ya dheweke kuwi sing ngawiti mbabat alas mbukak tlatah Kediri.
Sadurunge dadi titah alus sing nguwasani tlatah Kediri nganti saiki, Buta Locaya kuwi manungsa lumrah sing jenenge Kyai Daha. Kyai Daha duwe sedulur sing jenenge Kyai Daka. Wong loro iki bebarengan mbabat alas ing cedhake Kali Kediri utawa Kali Brantas kanthi tujuwan arep didadekake papan dunung.
Sabanjure wong loro iki ditekani Sang Hyang Wisnu kang medhar sabda arep ngejawabtah dadi manungsa lan arep jumeneng nata ing papan ding digawe dening Kyai Daha lan Kyai Daka kuwi. Wusana Sang Hyang Wisnu ngejawantah lan jumeneng nata ing Kediri jejuluk Prabu Sri Aji Jayabaya.
Nalika kuwi Sang Hyang Wisnu paring jejibahan marang Kyai Daha supaya ngreksa tlatah Kediri saklawase. Yen Kyai Daha wus tumekaning janji, dheweke bakal moksa lan malih wujud dadi titah alus sing bakal njaga tlatah Kediri saklawase lan salin jeneng dadi Buta Locaya. Dene sedulure, Kyai Daka, sinengkakake ngaluhur dadi senapati kanthi jejuluk Kyai Tunggul Wulung. Jeneng Kyai Daka wusana didadekake arane desa, yakuwi desa Daka.
Miturut katrangan ing Kitab Ajipamasa sing sepisanan dadi raja ing Mamenang (Kediri) yakuwi Prabu Gendrayana. Raja Kediri sepisanan iki duwe anak Prabu Aji Jayabaya, panjilmane Bathara Wisnu, dadi dudu Wisnu sing ngejawantah.
Dununga Krajan Kediri kuwi ing sawetane Bengawan lan sinebut Mamenang utawa Daha. Mamemang kuwi arane sawijining krajan. Dene Daha kuwi arane sawijining tlatah, dhaerah utawa nagari. Sinebut Mamenang jalaran nalika kuwi pancen mujudake negara sing tansah menangan. Prabu Jayabaya kondhang ing tanah Jawa lan gedhe perbawane tumrap raja-raja ing Jawa.
Prabu Aji Jayabaya duwe anak wadon sing jenenge Mas Ratu Pagedhongan. Sang Prabu lan anake wadon kerep nglelipir dhiri ing pesanggrahan Wanacatur. Saben tumeka ing Wanacatur, Sang Prabu Jayabaya ora tau mangan sega, nanging mung wates mangan bubur pathi kunir lan temu lawak. Dene para abdi dalem mangan sega jagung. Sang Prabu uga ora tau mangan daging kewan lan iwak loh apadene iwak laut.
Hamula kuwi ing kidul wetan Kutha Mamenang ana desa sing arane Desa Kunir lan Desa Lawak jalaran desa kuwi ngasilake pametu sing dadi kekaremane Sang Prabu Jayabaya, yakuwi kunir lan temu lawak. Miturut Ki Buta Locaya, Sang Prabu Jayabaya iki sing nganggit Jangka Jayabaya utawa Serat Jayabaya.
Tilas Krajan Mamenang musna jalaran kurugan lahar
Serat Jayabaya ana telung jinis. Sepisan, anggitane Syeh Sebaki utawa Syekh Subakir, utusane Sang Prabu Ngerum utawa Hadramaut kang menehi tumbal tanah Jawa lan dipasang ing Gunung Tidar, Magelang.
Kaloro, Serat Jayabaya anggitane Prabu Jayabaya sing uga kondhang kanthi sebutan Serat Jayabaya utawa Jangka Jayabaya.
Lan sing katelu, anggitane Pangeran Banjaransari, ratu Jenggala sing sabanjure pindhah ing Krajan Galuh. Anggitane Pangeran Banjaransari iki sinebut Surat Jayabaya, jalaran antarane Prabu Jayabaya lan Pangeran Banjaransari kuwi sejatine padha. Pangeran Banjaransari kuwi titisane Prabu Jayabaya.
Sawise ganti ratu kaping pitu, sing jumeneng nata yakuwi Raja Sindhula. Raja iku moksa lan diganti Prabu Dewata Cengkar. Sabanjure digenteni dening Ajisaka, raja sing ora ana sesambungan trah kalawan raja-raja sadurunge.
Ajisaka nguwasani Krajan Mendang Kamulan sasuwene telung taun. Krajan iki banjur dikuwasani dening Raden Daniswara, anake Dewata Cengkar, sing sabanjure jejuluk Prabu Kaskaya utawa Prabu Maha Punggung.
Sabanjure digenteni dening anake, Prbau Kalapa Gadhing. Sing nggenteni Prabu Kalapa Gadhing yakuwi Prabu Mundingwangi, digenteni maneh dening paneruse, Prabu Mundingsari. Nalika umure krajan Mendang Kamulan 120 taun, ditelukake dening Prabu Prawatasari, raja negara Prambanan sing isih ana sesambungan trah kalawan Prabu Mundingwangi.
Krajan banjur dipindhah menyang Prambanan. Ing Mamenang (Kediri) mung ana adipati sing dedunung ing Panjer. Krajan Mamenang ora ninggalake tilas jalaran, miturut Ki Buta Lacaya, nalika wawangunem kalawan Ki Dermakandha, wus kurugan lahar sing asale saka Gunung Kelud.
Tilas Krajan Mamemang sing bisa kawruhan hamung candhi cacah papat asil karyane Prabu Jayabaya. Candhi cacah papat kuwi yaiku candhi ing Desa Prundung, candhi ing Desa Tegowangi, candhi ing Desa Surawana lan candhi Arcakuda ing Desa Bogem. Candhi Arcakuda ing Desa Bogem iki ngemot pralambang tinamtu.
Prabu Jayabaya nggawe candhi arupa patung jaran sing endhase loro minangka pralambang negara Jawa. Bogem ateges papane mas-masan lan inten barlean. Patung jarane diwenehi plangkan under kang ateges larangan, pepacuh. Jaran tanpa dlamakan sikil ateges tanpa wewaton. Endhas loro ateges ora jumbuh, karepe ing dina tembe wong-wong wadon ing papan kono ora setya marang priya sisihane. Mangkono uga para priyane.
Saka lelakone Dewi Sekartaji nganti madege krajan Islam Demak
Babagan kadipaten Panjer dicritakake nalika adipati Panjer sepisanan mrentah ing Panjer, duwe kekareman adu pitik. Sawijining dina nalika rame-ramene kalangan adu pitik ing pendhapa kadipaten, ana salah sijine pasarta sing jenenge Gendam Asmarandana, asale saka Desa Jalas.
Gendam Asmarandana sing pancen bagus rupane kuwi wusana ndadekake para wanita kayungyun, kalebu Nyai Adipati Panjer. Nyai Adipati sing weruh baguse Gendam Asmarandana uga melu-melu kayungyun. Kuwi ndadekake nesunya Adipati Panjer. Nalika Adipati Panjer sing nesu kuwi arep merjaya Gendam Asmarandana kanthi kerise, Gendam Asmarandana kasil endha lan suwalike kasil nyabetake pedhange ngenani bangkekane Adipati Panjer.
Adipati Panjer sing kelaran banjur mlayu tumuju Sendhang Kalasan sing duwe kasiyat bisa nambani kabeh lelara. Nanging durung nganti tekan sendhang kasil disusul dening Gendam Asmarandana lan wusana mati. Gendam Asmarandana sing weruh Adipati Panjer mati banjur mlayu tumuju omahe nanging dioyak dening wong akeh. Gendam Asmarandana sing keweden banjur njegur ing Sendhang Kalasan.
Wong-wong sing padha melu njegur ing sendhang, kepara ana sing nyilem barang, tetep ora kasil nyekel Gendam Asmarandana. Wong-wong ngira yen Gendam Asmarandana wus malih dadi danyang sing manggon ing sendhang kuwi. Sabanjure kanggo ngeling-eling kedadeyan kuwi digawe pepethan saka watu sing ditengeri kanthi aran Smaradana, mapan ing Desa Panjer.
Negara Daha sing dumunung ing sisih kulone Kali Brantas, ing wetane Desa Klotok lan Geneng banjur salin aran dadi negara Kediri. Miturut andharane Ki Buta Locaya, nalika kuwi sing dianggep dadi sesepuhe tlatah Pulo Jawa yakuwi Pandhita Rara Suciwanungsaya utawa Dewi Kilisuci.
Dewi Kilisuci mujudake wanita sing ora ngalami nggarapsari utawa sinebut kedhi. Lan Dewi Kilisuci uga mujudake wanita sing mandhireng lan kuwawa ngrampungake jejibahan lan gaweyan apa wae tanpa pitulungane liyan. Ing budaya Jawa pawongan sing mangkene iki sinebut dhiri.
Wanita ing tlatah Kediri, miturut gotheking wong akeh, padha niru pribadine Dewi Kilisuci. Akeh wanita Kediri sing rumangsa dhiri, rumangsa kuwawa ngrampungi jejibahan lan gaweyan apa wae. Kalebu gaweyan lan jejibahane priya. Nanging sing ditiru mung wates sikep dhiri-ne, yakuwi sikep angkuh, adigang, adigung lan adiguna.
Sing ditiru dudu pribadine Dewi Kilisuci sing luhur, lila legawa ngorbanake kadonyan lan dadi pandhita kang suci lair batin. Sabanjure sing seneng niru tumindak lan pribadine Dewi Kilisuci kuwi ora mung para wanitane, nanging ora sithik priya Kediri sing uga tiru-tiru dadi umuk, angkuh dan dhiri, nanging dhiri-ne wanita.
Hamula, saben ana paprangan, yen sing nantang perang kuwi wong Kediri, wong Kediri mesthi menang. Nanging yen wong njaban Kediri sing ngrabasa utawa nantang luwih dhisik, wong Kediri lumrahe bakal kalah.
Sabanjure dicritakake lelakon antarane Dewi Kilisuci, Dewi Sekartaji, Raden Panji Inu Kertapati lan kaanan Krajan Kediri lan Jenggala. Crita roman iki wus menjila dadi crita klasik ing budaya Jawa. Kepara nganti saiki isih lestari ing wujud wayang beber, kacihna wayang bebere dhewe prasasat wus nyedhaki musna.
Ing perangan pungkasan Babad Kadhiri dicritakake surute Krajan Majapahit nalika dirabasa dening Raden Patah sing sabanjure jumeneng nata ing Demak. Miturut andharan ing Babad Kadhiri, wiwit madege Krajan Demak engga Pajang, panguwasaning krajan ora gelem nampa wulang agama Budha. Kabeh buku kang isi wulang agama Budha mesthi diobong nganti musna.
Nalika madeg Krajan Mataram, wulang agama Budha bisa urip maneh ing madyaning bebrayan agung Jawa. Lan ing jaman kuwi, ana kupiya nglumpukake naskah-naskah kuna kang banjur dipasrahake marang para pujangga. Sabanjure para pujangga kuwi sing nganggit naskah-naskah anyar lelandhesan naskah-naskah kuna sing banjur dadi pakem utawa babad sing kawruhan dening generasi wong Jawa jaman saiki.
Alang Alang Kumitir

Tidak ada komentar:

Posting Komentar